Belajar Fotografi | Galeri Foto | Cerita Humor | Pantun Humor | Humor Bahasa Jawa | Tanaman Obat


Awan iku,mukri lagi ngguyu dewe. Ora suwe,sardot banjur teko (datang) lan takon.
"kri kowe po lg edan anyaran tow? Guya guyu dewe"
"aku guyu mergo bar moco buku crita lucu. Iki buku lucu buanget"
"tak nyilih bukune dilit kri"
"oh ndak bisa. Yowes gentenono 50ewu wae. Nak buku iki ora lucu duit kembali 2kali lipat"
"oke."

Sardot langsung bayar bukune mukri. sakwise moco buku,sardot langsung guyu ngakak. Ora suwe,sodron teko lan takon
"ngopo dot kok guyu dewe? Wes dadi wong sableng tow kowe?"
"sableng dengkulmu mlocot kui.aku lg moco buku crita lucu ngerti ora?"
"aku tak nyilih bukune dot.aku lagi galau ki"
"eit..iki buku olihe tuku dron. Ngene wae apik-apikan ati. Buku iki gentenono wae. Karo konco dw tak wenehi rego murah. 150 ewu wae. tak jamin buku iki lucu banget. nak kowe moco buku iki ora ngguyu. duitmu tak balikno 2kali lipat. Gelem ora"
"oke"

sodron langsung bayar bukune mau lan langsung bukak halamane.
Sakwise iku sodron langsung guyu kepingkel-pingkel. Sardot sing heran banjur takon
"lucu tow bukuku..iku buku lucu banget dron.dadi kowe ora rugi nggenteni 150ewu"
"aku guyu ora mergo moco buku iki dot"
"lha terus guyumu mergo opo?"
.

.


.


.

.
" aku arep jaluk duitku 2kali lipat. Aku kan ORA ISOH MOCO BUKU"
*sardot ndilati bukune*

Anda baru saja membaca artikel yang berkategori CERITA HUMOR BAHASA JAWA dengan judul . Anda bisa bookmark halaman ini dengan URL http://hanasatrio.blogspot.com/2012/08/awan-ikumukrilagi-ngguyu-dewe.html. Terima kasih!
Ditulis oleh: BELAJAR PHOTOGRAPHY - Kamis, 16 Agustus 2012

Belum ada komentar untuk " "

Posting Komentar