Belajar Fotografi | Galeri Foto | Cerita Humor | Pantun Humor | Humor Bahasa Jawa | Tanaman Obat

Juminten Iku Sejatine Wong Wedhok Keturunan Ningrat


sakwentoro wengi iku juminten di apeli sardot numpak satria FU'ne

mergo was was kedadian sing ora ora,paijem ibune weling marang juminten

"nduk...ati ati karo wong lanang saiki...wong lanang saiki kuwi akeh sing baj*ngan(yen lek min hoo ora)...mulo yen pacaran,kae sardot pacar mu ojo entuk macem macem...grayang grayang,ngejak turu,lsp....mergo kuwi iso nibakno(menjatuhkan) martabat wong tua mu..."


"injih bu...kulo ngertos...nggih pun kulo pamit medhal rumiyin kalih mas sardot bu..."

mari pamitan karo paijem,sardot lan juminten mlaku mlaku ning taman

singkat crito wanci wis wengi jam12

sardot lan juminten mulih omah

"dik...aku ora mampir yo...soale kewengen(kemalaman)...salam wae kanggo ibu mu..."

paijem sing sak tenane wis nesu mergo juminten mulih wengi,langsung takon juminten

"lapo kowe mulih wengi jum..."

"anu bu...anu..."

"ona anu ona anu...opo sardot numindaake(melakukan) hal hal sing nibakno martabat wong tua mu iki...?"

"sanes bu...yen soal niku,sak derenge mas sardot tumindak nibak'aken martabat wong tuo,kulo sampun luelwih dhisik nibak'aken martabat'ipun wong tuane mas sardot..."

paijem: (nangis goling goling klesotan ning latar)
Anda baru saja membaca artikel yang berkategori CERITA HUMOR BAHASA JAWA dengan judul Juminten Iku Sejatine Wong Wedhok Keturunan Ningrat. Anda bisa bookmark halaman ini dengan URL http://hanasatrio.blogspot.com/2012/09/juminten-iku-sejatine-wong-wedhok.html. Terima kasih!
Ditulis oleh: BELAJAR PHOTOGRAPHY - Sabtu, 29 September 2012

Belum ada komentar untuk "Juminten Iku Sejatine Wong Wedhok Keturunan Ningrat"

Posting Komentar