Belajar Fotografi | Galeri Foto | Cerita Humor | Pantun Humor | Humor Bahasa Jawa | Tanaman Obat

Sardot lan Sodron Dadi Perampok


Sardot lan Sodron sing ruwet nganggur lagi jagongan karo mabuk.. Saknaliko pikiran jahat mlebu neng uteg'e wong 2 kuwi..

Sardot : "piye nek dewe dodolan bensin eceran wae dron?"

Sodron : "dengkulmu mlocot!! Lha wong dewe ameh mabuk wae direwangi nyolong jarike mbah markonah kok..modale seko endi dot?"

Sardot : "santai bro..dewe modal nekad tok.."

Sodron : "kepiye tow dot?"

Sardot : "ngene carane cah bagus,.dewe nyegat truk tangki bensin,.sopire mok lumpuhke..bensine dikuras..dewe iso dodolan bensin tekan tuwo..hahaha.. Ideku apik pora?"

Sodron : "aku manut dot..ayo mangkat!!"


Langsung wong 2 kuwi mlaku neng pinggir dalan sepi,nunggu sasaran lewat..

Saklebare maghrib ono truk tangki lewat,langsung dicegat neng tengah dalan karo sardot..

Sopire tangki sing jenenge Mukri langsung kaget ngerem mendadak..

Sardot : "woi ! Mandeg diluk kang !!"

Mukri : "d*ncok !! pean wes bosen urip pow??"

Sardot langsung munggah karo ngetokke peso glati..

Sardot : "milih slamet opo nyowomu ilang kang?"

Mukri : "ampun kang..ampun.. aku ora duwe duit kang.."

Sodron : "aku butuhe isi tangkimu iki.. Ayo pean mudhun!!"

Mukri : "lho ameh kanggo opo kang?"

Sardot : "yo ameh tak dol g*blok!!"

Mukri : "HUAHAHAHAHAHAHAHA..!!"

Sardot + Sodron : "woi..ngopo pean ngguyu?"

Mukri : "kono nek meh mok rampok..wong iki..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
...truk tangki TINJA..."
Anda baru saja membaca artikel yang berkategori CERITA HUMOR BAHASA JAWA dengan judul Sardot lan Sodron Dadi Perampok. Anda bisa bookmark halaman ini dengan URL http://hanasatrio.blogspot.com/2012/10/sardot-lan-sodron-dadi-perampok.html. Terima kasih!
Ditulis oleh: BELAJAR PHOTOGRAPHY - Rabu, 31 Oktober 2012

Belum ada komentar untuk "Sardot lan Sodron Dadi Perampok"

Posting Komentar