Belajar Fotografi | Galeri Foto | Cerita Humor | Pantun Humor | Humor Bahasa Jawa | Tanaman Obat

Mukri Lagi Jagongan Sore Karo Bapakne Sing Jenenge Sardot.

mukri : "pak.. kulo wonten masalah teng sekolahan.. " sardot : "konangan ngintip wc maneh po?" mukri : "sanes pak.. niki luwih parah.." sardot : "mangan bakwan 5 ngaku 1 ??" mukri : "sanes pak tapi...." sardot : "ngantemi kepala sekolah?" mukri : "paak...." sardot : "papan tulisan SMPmu mbok ganti SMPAK??" mukri : "PAAAAKK!!!!!" sardot : "hehehe bapak guyon kok.. kepiye? masalah opo?" mukri : "anu pak.. eeemmm... teng SMPne kulo wonten guru enggal.. " sardot : "terus?" mukri : "tiyange tasih enom.. ayu tenan.. hehehe" sardot : "terus?" mukri : "emmm... kulo naksir kalih dekne pak.. hehehe" sardot : "oh..ngono to.. yo ra popo kri.. berarti kowe normal... tapi..." mukri : "tapi nopo pak?" sardot : "tujuanmu neng sekolahan ki ngopo?" mukri : "emmm... sinau pak.." sardot : "lha kuwi dene ngerti.. bapak ora nglarang kowe.. sakkarepmu kowe ameh seneng karo sopo wae mung kowe yo kudune ngerti wayah yo kri.. paham pora?" mukri : "nggeh pak.. kulo ngaku salah.. nyuwun ngapunten nggeh pak?" sardot : "iyo kri.. ora popo.. saiki ojo mikir koyo ngono ndhisik yo? mending sinau sing tenanan.. sekolah sing duwur,. ojo koyo bapakmu iki.. TK wae ra lulus!! huahaha..!!!!" mukri ngguyu ngakak karo nyikepi bapakne sardot : "kanggo anakku lanang sing bagus dewe.. nyoh ki tak wenehi duit 50ewu..!" mukri (kaget) : "HAH? tenan niki pak?? maturnuwuuunn!!!" (karo nyikepi bapakne) sardot : "eits.. tapi ono syarate.." mukri : "nopo syarate pak?" sardot : "anu... bapak pengen kowe.. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ..golek info NOMER HAPE-ne gurumu sing ayu kuwi yo??.. ..tapi ojo ngomong mamakmu.. Muehehehe.." mukri : "ta..tapi pak..." sardot : "tapi opo ?" mukri : "anu.... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ..niku mamak teng mburine bapak nyangking GRAJI MESIN!!!!!!! AYO MLAYU PAK!!!!!!!!!" *sardot+mukri mlayu bareng dioyak-oyak juminten
Anda baru saja membaca artikel yang berkategori CERITA HUMOR BAHASA JAWA dengan judul Mukri Lagi Jagongan Sore Karo Bapakne Sing Jenenge Sardot.. Anda bisa bookmark halaman ini dengan URL http://hanasatrio.blogspot.com/2013/06/mukri-lagi-jagongan-sore-karo-bapakne.html. Terima kasih!
Ditulis oleh: BELAJAR PHOTOGRAPHY - Sabtu, 08 Juni 2013

Belum ada komentar untuk "Mukri Lagi Jagongan Sore Karo Bapakne Sing Jenenge Sardot."

Posting Komentar