Belajar Fotografi | Galeri Foto | Cerita Humor | Pantun Humor | Humor Bahasa Jawa | Tanaman Obat

Sardot Lagi Jatuh Cinta


Awan iku dolan nang omahe sodron..

wong 2 banjur ngobrol

"dron tulung aku gawekno surat cinta dron.mengko tak upahi rokok sak batang"

"boro-boro gawe surat cinta dot, nulis wae aku ora isoh"

"lah terus piye iki?"

"wes kowe tenang wae.ayo ke tak ajak dolan nang gone koncoku.nang omahe mukri"

Wong 2 langsung mluncur nang omahe mukri..

Sampe TKP,sodron langsung ngomong karo mukri

"kri tulung koncoku iki gawekno surat cinta.soale aku ora isoh nulis."

"walah dron dron..aku yo ora isoh nulis..tp tenang aku tak nang gone koncoku tak kongkon gawekno surat"

Ora suwe,surat cintane sardot wis dadi

Esuk'e sardot langsung nemoni pacare.

"jum.."

"ono opo mas sardot"

"sak benere aku orep ngomong serius karo kowe tp aku kok ora biso.kanthi suratku iki aku arep ngungkapke perasaanku sing sak benere..nyoh tomponen suratku"

juminten banjur mbukak surat sing di wenehne sardot.

Karo mesam mesem ,juminten moco surate sardot..

Bubar iku, sardot banjur ngomong

"piye jum isi suratku"

"romantis kok"

"hehehe...najan tulisane elek (jelek) tapi iku sing nulis aku dewe lho jum..sumpah"

"tapi iki surat kan TULISANKU sing tak wenehno mukri wingi mas"

"opo !!!"(sardot langsung krupupan plastik kresek)
Anda baru saja membaca artikel yang berkategori CERITA HUMOR BAHASA JAWA dengan judul Sardot Lagi Jatuh Cinta. Anda bisa bookmark halaman ini dengan URL http://hanasatrio.blogspot.com/2012/09/sardot-lagi-jatuh-cinta.html. Terima kasih!
Ditulis oleh: BELAJAR PHOTOGRAPHY - Minggu, 16 September 2012

Belum ada komentar untuk "Sardot Lagi Jatuh Cinta"

Posting Komentar