mukri : "pak.. kulo wonten masalah teng
sekolahan.. "
sardot : "konangan ngintip wc maneh po?"
mukri : "sanes pak.. niki luwih parah.."
sardot : "mangan bakwan 5 ngaku 1 ??"
mukri : "sanes pak tapi...."
sardot : "ngantemi kepala sekolah?"
mukri : "paak...."
sardot : "papan tulisan SMPmu mbok ganti
SMPAK??"
mukri : "PAAAAKK!!!!!"
sardot : "hehehe bapak guyon kok.. kepiye? masalah opo?"
mukri : "anu pak.. eeemmm... teng SMPne
kulo wonten guru enggal.. "
sardot : "terus?"
mukri : "tiyange tasih enom.. ayu tenan..
hehehe"
sardot : "terus?"
mukri : "emmm... kulo naksir kalih dekne
pak.. hehehe"
sardot : "oh..ngono to.. yo ra popo kri.. berarti kowe normal... tapi..."
mukri : "tapi nopo pak?"
sardot : "tujuanmu neng sekolahan ki ngopo?"
mukri : "emmm... sinau pak.."
sardot : "lha kuwi dene ngerti.. bapak ora
nglarang kowe.. sakkarepmu kowe ameh
seneng karo sopo wae mung kowe yo kudune ngerti wayah yo kri.. paham pora?"
mukri : "nggeh pak.. kulo ngaku salah..
nyuwun ngapunten nggeh pak?"
sardot : "iyo kri.. ora popo.. saiki ojo mikir
koyo ngono ndhisik yo? mending sinau sing
tenanan.. sekolah sing duwur,. ojo koyo
bapakmu iki.. TK wae ra lulus!! huahaha..!!!!"
mukri ngguyu ngakak karo nyikepi bapakne
sardot : "kanggo anakku lanang sing bagus
dewe.. nyoh ki tak wenehi duit 50ewu..!"
mukri (kaget) : "HAH? tenan niki pak??
maturnuwuuunn!!!" (karo nyikepi bapakne)
sardot : "eits.. tapi ono syarate.."
mukri : "nopo syarate pak?"
sardot : "anu... bapak pengen kowe..
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
..golek info NOMER HAPE-ne gurumu sing
ayu kuwi yo??..
..tapi ojo ngomong mamakmu.. Muehehehe.."
mukri : "ta..tapi pak..."
sardot : "tapi opo ?"
mukri : "anu....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
..niku mamak teng mburine bapak
nyangking GRAJI MESIN!!!!!!! AYO MLAYU PAK!!!!!!!!!"
*sardot+mukri mlayu bareng dioyak-oyak juminten
Anda baru saja membaca artikel yang berkategori CERITA HUMOR BAHASA JAWA
dengan judul Mukri Lagi Jagongan Sore Karo Bapakne Sing Jenenge Sardot.. Anda bisa bookmark halaman ini dengan URL https://hanasatrio.blogspot.com/2013/06/mukri-lagi-jagongan-sore-karo-bapakne.html. Terima kasih!
Ditulis oleh:
BELAJAR PHOTOGRAPHY - Sabtu, 08 Juni 2013
Belum ada komentar untuk "Mukri Lagi Jagongan Sore Karo Bapakne Sing Jenenge Sardot."
Posting Komentar